Dongeng Rara Mendut-Pranacitra tekan seprene isih dadi lakon kethoprak sing nengsemake. Sing dadi pitakone wong akeh, lelakon kang mirip Romeo-Juliet iku kedadeyan tenan apa mung khayalane para pujangga Mataram ing jaman Sultan Agung?.
Ana kang kandha jare iku mung dongeng sanepan. Kedadeyane nyata nanging para paragane digawe wadi (jalaran Rara Mendut lan Pranacitra iku isih krabat ratu). Pak Iman Sobro, jurukunci kuburane Rara Mendut ing Gandhu, Sendhangtirta, Berbah, nalika sugenge uga ngendika menawa panjenengane ora percaya yen Rara Mendut iku mung wong pidak pedarakan (wong cilik). Mesthi isih trahe ratu.
Ana maneh kang duwe panduga menawa Rara Mendut iku mula ana tenan, dadi selire Tumenggung Wiraguna. Dene kang aran Pranacitra iku mung jeneng silihan. Tenane bedhangane Rara Mendut iku putra mahkota kang ing tembe dadi Amangkurat Agung (Seda Tegalarum). Dene kang dikubur bareng Rara Mendut iku abdine putra raja mau.
Ana babad mula dicritakake nalika putra mahkota kuwi njupuk selire Wiraguna, kabeh abdine diukum pati. Putra mahkota iki dibuwang menyang Alas Lipura. Kanggo nutupi lingseme Kangjeng Sultan Agung, jenazahe Rara Mendut dikantheni abdine putra mahkota.
Sing marakake kodhenge para ahli sejarah, kok makame Rara Mendut iku ana telu. Sing siji ing Gandhu, sijine ana Kajor Wetan, Kelurahan Selapamiara, Imogiri, sijine maneh ana Desa Blambangan, Kelurahan Jagatirta Berbah, Sleman. Sing aneh maneh, sadurunge dilarang ing taun 1965, pejiarah sing kepingin kasil panyuwune kudu nindakake saresmi (hubungan sex) karo pasangan sing dudu muhrime. Kapercayan iku anane mung ing makam Gandhu. Makam tetelune duwe dongeng turun-tumurum sing meh padha. Yaiku sabubare Pati ditelukake (taun 1627) Tumenggung Wiraguna oleh putri boyongan ayu rupane, jenenge Rara Mendut. Kanggo ngisi wektune garwa selir tumenggung iki diwenehi kebebasan dodol rokok “ndika” (rokok sampeyan).
Ndilalah ana jaka bagus kang senengane dolan-dolan tanpa tujuwan. Ing dalem katumenggungan weruh Rara Mendut sanalika nandang wuyung/jatuh cinta. Wong loro mau padha pepasihan. Nuju sawijine dina kekarone duwe tekad mlayu saka katumenggungan. Playune mengidul. Lagi arep nyabrang Kali Oya ing Desa Dogongan ketungka tekane prajurite Wiraguna. Wong loro banjur diaturake marang Wiraguna. Saiba dukane senapati kang wis tuwuk kridhaning perang iki. Masiya Pranacitra wis nyuwun ngapura lan ndheprok ana sikile Wiraguna, nanging ora bisa nyabarake atine. Pranacitra dikon lunga. Lagi entuk rong jangkah Wiraguna kelingan yen harga dirine disewiyah. Pranacitra disuduk saka buri tembus dhadha. Rara Mendut kang nyekseni kedadeyan iki banjur nubruk katresnane iku. Ora wurung keris kang tembus jajane Pranacitra uga nyubles dhadhane Rara Mendut. Sakala uga pdha palastra.
Kangjeng Sultan Agung nalika midhanget prastawa iki banget trenyuhe. Panjenengane banjur dhawuh supaya kekarone dikubur ana bumi Gadhuhan tunggal saluwang. Makam iki sanadyan terbuka siang malam nanging ora kena diinepi. Nitik saka tilase kembang lan bakaran menyan, makam Gandhu iki kerep disambangi peziarah. Sing akeh, asale saka njaban Yogyakarta.
Posting Komentar